Kamis, 27 November 2014

PEPETING TRESNA

Wulan mlaku sansaya nduwur

Nganti tekan langit sap pitu
Lintang kang cumlorot ing tawang
Kumleyengan ing saknduwure tawang
Sumribite angin anggawe wengi sansaya nyenyet

Kangmas…
Delenga rembulan kang nangis ing kamar iki
Delenga srengenge kang umpetan ing kamar iki
Hanamung  wengi kang nyekseni
Rembulan lan srengenge kang saya mbleret

Kangmas…
Aku amung bisa nyelehake pangarep-arep
Marang katresnan kang gumantung
Aku amung bisa nyawang
Pasuryanmu saka banyu kang tumetes

Kangmas…
Aku amung nduwening pepenginan
Pepenginan yen tresnaku iki
Tresna kang sinambung
Kayata Rama lan Shinta

Ananging
Kabeh iku amung impen
Impen kang anggawe tatuning ati, batin lan uga raga
Aku lan sliramu ora bakal jejodoh
Amarga sliramu ora tau wungu
Yen tresnaku iku tresna kang asih

Katresnanan iki geguritan kang sejati
Kang tansah urip ing ati iki
Sanajan sliramu ora nggubris
Marang tresna kang asih iki
Tresnaku bakal ora binagi ing liya

MUSPRA



ngawangku ngambra-ambra
impiku selot suwe selot ndradah
kepengin aku nyanding awakmu
entong selot suwe wektuku
ning ora nana kasile
lamunanku mung siji
aku bisa ngomong apa sing tek  rasakna
rasa sing wis tukul suwe,
apa sing tek arep-arep mung muspra
selot suwe selot keton
aku dianggep nek kowe butuh
tininggal nek wis ra butuh
iya kiye pancen bodoku sing ora bisa nglomboni tresnaku

SUMOROTING RASA



Padanging cahya kang sarwa kumenyar
Pating sumorot madangi petenging ati
Nylorot kaya dene blencong
kang madangi layar
Kang bisa nggawe ayang-ayanging wayang
Ora beda awakmu
kang wus ngayang-ayang ing atiku
Pating sliwar, pating sliwer lumaku ing awangku
Batinku ngambra-ambra rasa apa iki
Rasa kang beda saka rasa liya-liyane
Beda saka rasa kang tak rasa wingi kae
Apa kowe ngerti rasa apa iki ???
Tak kira kowe ora bakal ngerti
Merga aku amung dadi pipit ing sisihmu
Kang gawe laraning obah lan polahmu...