Sabtu, 10 Januari 2015

Aku uga seneng

Jenengku Widyastuti. Murid-muridku yen ngundang Bu Widya. Semono uga ing kampung. Malah wong tuwa lan kangmasku yen ngundang ditambahi ‘nok’.
Nok Widya. Aku paling sengit yen diundang Tutik. Jane ya ra pa-pa. Wong pancen iku uga perangane aranku. Mung katambahan aksara k wae. Ning saka rumangsaku, jeneng Tutik iku kok kurang keren.  Jeneng iku wis umum lan pasaran.
Kanca-kanca kampus mbiyen kerep takon, apa ta bedane Widya karo Tutik? Kanthi pe-de tak wangsuli yen Widya iku wonge pinter, ayu lan merak ati. Nanging yen Tutik ora. Aku ora nate njlentrehake tembung ‘ora’ iku.

Angger aku wis mangsuli kaya mengkono kanca-kanca mung meneng wae. Wong kanca-kanca ya wis padha ngerti nalika semester IV aku nate dinobatake dadi Putri Kampus. Mung siji- loro wae sing ngomong yen aku dadi Putri Kampus merga panitiyane mesakake weruh praupanku sing memelas.
Aku ora serik yen ana sing kandha mengkono. Wong karepe mung guyonan. Semono uga yen aku mangsuli jeneng Widya iku wonge pinter, ayu, lan merak ati. Wangsulan kaya meng­ko­no iku mung guyonan.
Tekan saiki, nganti aku dadi guru, ora ana sing ngundang Tutik. Mung siji wae. Pak Yudhit. Wakil Kepala Sekolah Bidang Kurikulum. Asem tenan kok guru siji iki! Ngundange ora te­dheng aling-aling: Tutik! Mung ing ngarepe bocah-bocah wae ngundange ditambahi ‘bu’.
Ngundang kaya mengkono kuwi sejatine lagi keri-keri iki wae kok. Udakara setengah taunan. Mbiyen nalika isih asring dolan menyang ngomahku ngundange Nok Widya. Tiru-tiru Mas Pambudi, kangmasku.
Sarehne kangmasku ora legan maneh, Pak Yudhit njur ora nate sanja babar blas. Mara-mara ngabari yen aku ditampa mulang ing yayasan duweke kulawarga besare. Saiba senenge atiku. Sedhela engkas aku bakal dadi guru. Lan mesthine blanjaku tambah. Malah bisa-bisa nulak donatur saka bapak lan kang­masku. Ning ya kuwi, Pak Yudhit wis ora ngundang ‘nok’ maneh.
Dina iki satemene aku ora duwe jadwal mulang. Nanging sarehne di-SMS Pak Yudhit, kepeksa aku mangkat. SMS-e ngan­dhakake, sanajan Tutik durung disertifikasi, mbuh ana jadwal mbuh ora, kudu tetep menyang sekolahan. Wektu kang longgar sanjabane jam pelajaran bisa digunakake kanggo ngrewangi nata lab, perpus, utawa admininstrasi BP.

SMS-e dawa. Jan, ra umum! Mbok telpun utawa pesen Mas Gofur. Sanajan mung dipeseni TU-ne, aku tetep mangkat kok. Tekan sekolahan pas jam ngaso. Kanca-kanca padha mba­gekake.
“Sugeng enjang, Bu Tutik. Kadingaren dinten menika mle­bet. Wonten ingkang dipun kangeni nggih?!” celathune Pak Budi cengengesan. Tutik maneh! Sapa ta sing ngakon ngun­dang Tutik?! Aku mung mesem kecut.
Dibagekake kaya mengkono aku dadi kaget. Limang ndina ora mlebu, slagane kanca-kanca kok nganeh-anehi? Gek ana apa ya?! Aku njur lungguh ing kursiku.
Aku kepikiran SMS-e Pak Yudhit sing dawa iku. Ah, Pak Yudhit ora ngerti yen

Tidak ada komentar:

Posting Komentar