Minggu, 11 Januari 2015

TEMBANG PANGRUNGON




Ngrungokke nanging sejatine ora ngrunggokkake
Ngrungokke sing kudu dirungokke
Sanajan ora tinucap dening lati
Nanging kudu tetep dirungokake
Sanajan ora bisa dirungokake
Nanging pancen kudu dirungokake
Dirungokake nganggo pangrungon sing sejatine dudu pangrungon
Sanajan dudu panggrungon
Nanging kudu tetep dienggo ngrungokake suwara
Suwara kang sejatine dudu suwara kuwi kudu tetep di rungokakake
Kudu bisa dirasakake lan kudu bisa dilakokake kanthi apa sing dikarepake
Dadi kudu bisa ngrungokake apa sing ora diucapake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar