Sabtu, 10 Januari 2015

Bima Krodha




Bima Krodha
            Critane diwiwiti jejer Astina. Prabu Duryudana diadhep para punggawa lan santana. Pasewakan iku katon regeng, awit saliyane kabeh para punggawa lan kadang kraton kang ngabyantara uga ana tamu kang lagi wae rawuh saka Jodipati  aran Werkedura. Praptane Raden Werkudara ing Astina iku ndadekake kagete para Kurawa jalaran wektu iku Raden Werkudara lagi wae diutus njegur segara seperlu ngupadi banyu suci perwitasari.
            Sawise bege-binage nuli sang Begawan Durna pitakon marang Werkedura antuk gawe lan orane. Barengt raden Werkedura ngendikake yen oleh gawe, Prabu Duryudana kaget. Patih Sengkuni tanggap, nuli gawe rekadaya amrih Raden Werkedura bisa rukun lan kumpul karo Kurawa. Werkedura dipaeka kanthi pambujuk supaya njaluk kamukten ing negara Amarta jalaran Raden Werkedura iku paling gedhe labuh labete marang negara. Werkedura sarujuk, nuli budhal menyang Amarta nedya njaluk kamukten. Budhale Werkedura ditutake wadya bala Kurawa.
            Tekan tengah alas kepapag Raden Senggana Anoman kang ing kono uga ana Werkedura. Perang antarane Prajurit Kurawa lan prajurite Anoman rame banget. Prajurit Kurawa kasoran ing yuda nulya mlayu saparan-paran. Ewa samono pangamuke Werkedura saka Astina ora mendha sateman Anoman sakanca padha kalah. Pungkasan perang tandhing antarane Werkedura saka Astina klawan Werkedura saka Kendali sada.
            Sigeg kang kawuwusan gantya kang cerita. Raden Werkedura kang nggebyur ing samodra ora tumeka pati, ing dhasaring samudra malah antuk dalan padhang kang jembar gilar-gilar. Raden Werkedura kapanggih Dewa Ruci. Raden Werkedura diwejang sakehing ngelmu kasempurnaan kanthi mlebu kupinge. Wejangan purna, Raden Werkedura banjur diutus enggal bali menyang Amarta.
            Tekan gisiking samodra, Raden Werkedura wis dipapag Raden Senggana Anoman. Raden Gatotkaca, Raden Setyaki, lan Antasena. Ing kono Raden Senggana nelakake yen ana Werkedura loro lagi padha bandayuda. Raden Werkedura duka yayah sinipi. Werkedura kekaroane den sirnake kanthi pitulungane Prabu Kresna lan Semar Badrayana. Werkedura saka Astina bandhar dadi Bathara Kala, dene Werkedura saka Kendalisada bandhar dadi Bathara Bayu.
            Sawise purna ngenya bandayuda, Werkedura nulya bali menyang Amarta. Ing kana panjenengane dipapag lan disubya-subya dening punggawa, nayaka lan kawula.
Sumber :          Buku Star Semesta Basa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar