Kamis, 08 Januari 2015

WAHYU MAKUTHA RAMA

WAHYU MAKUTHA RAMA
(ajaran kepemimpinan)
       Nang kerajaan Ngastina,para kurawa rembugan arep ngongkon wong siji kon meng gunung Kutharunggu ketemu karo begawan kesawasidi (resi/pandhita).akhire ngongkon Karno kon sinau wahyu makutha rama aring kesawasidi, isi ajarane yaiku pemimpin kudu bisa :
1.      Kisma (bumi)                =  menehi ketentraman ing rakyat.
2.      Candra (bulan) =  menehi pencerahan ing rakyat.
3.      Kartika (bintang)          =  menehi pencerahan ing rakyat.
4.      Samirana(angin)           =  srawung karo sapa bae.
5.      Agni ( geni)                  =  nindak tegas marang sing salah.
6.      Srengenge(matahari)    =  madangi/pencerahan ing rakyat.
7.      Samodra                       =  kudu sabar.
8.      Tirta                              =  nentremake rakyat lan makarya wiwit panggonan gedhe
Tekan  panggonan kang lewih cilik. Kesawasidi arep tapa nang gunung kutharunggu,anoman kon njaga ketentraman nang gunung kue.trus ana karno arep ketemu kesawasidi tapi di adang nang anoman, trus sidane gelut. Tapi Karno lunga amargo kalah tarung  lan panah kunthawijayadanu direbut nang anoman.tapi Anoman nglanggar prentaeh kesawasidi amargo ora njaga ketentraman ing gunung kue, trus anoman kon tapa aring gunung kendalisada lan sakdurunge tapa ,anoman ngewehna panah kuntawijayadanu aring kesawasidi. Sidane kesawasidi( wujud asline kresna/krisna) ngajarake wahyu makutha rama aring Arjuna. Sakwise di ajarake wahyu kui Arjuna kon mbalekake panah aring karno .Arjuna kon maraih karno wahyu kui tapi arjuna ora gelem ,akhire tarung. Tapi karno kalah.




Rabu, 07 Januari 2015

UKARA TANDUK lan UKARA TANGGAP

1.       Ukara Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara kang nelakake mobah mosik utawa tandang grayang, dadi kang dipentingake utawa kang wigati jejere. Wesenaning ukara awujud tembung kriya tanduk, yaiku tembung kriya wantah utawa ater-ater anuswara.
Tuladha :
a)       Tanduk Kriya
-          Adhiku ngoyak kucing ing latar.
-          Romy nembang macapat ing ngarep kelas.
-          Ibu ndulang adhik ing latar.
-          Adhit ngulukake layangan ing sawah.
b)       Tanduk Kriya Wantah
-          Ani lagi turu.
-          Bapak nembe siram.

2.       Ukara Tanggap
a.       Ukara tanggap yaiku ukara kang mratekake kahananing lesan, kang dianggep wigati lesane. Ukara tanggap iku wasesane awujud tembung tanggap, yaiku tembung kriya mawa ater-ater dak, ko, di, ka utara seselan in.
Tuladha :
Tandurane kembang disirami Wati.
Wingi sore dhuwite wis dakjaluk.
Pepriman iku diparingi dana driyah dening Pak Kaji.
Wayang ditonton dening bocah-bocah lan wong tuwa.
Rotine wis disetorake Jodhi ing toko-toko.

b.      Ngowahi ukara tanduk dari ukara tanggap
Ukara tanduk bisa diowahi dadi ukara tanggap lan suwalike ukara tanggap bisa diowahi dadi ukara tanduk. Ukara tanduk bisane owah dadi ukara tanggap sarate kudu ana lesane (ukara tanduk transitif), nanging yen ukara mau tanpa lesan (ukara tanduk intransitif) ora bisa diowahi dadi ukara tanggap.
Tuladha :
Bapak mbedhil celeng ing alas. Ukara iki bisa diowahi dadi ukara tanggap amarga mawa lesan, dadine ukara tanggap : Celeng dibedhil Bapak ing alas.

http://www.kelasjawa.com/2014/03/ukara-tanduk-lan-ukara-tanggap.html#more

SUMANTRI NGENGER

SUMANTRI NGENGER
      Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
      Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
      Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
      Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
      Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
      Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
      Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
      Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
      Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri. “nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
        Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
        Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
        Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

        “Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

Jumat, 02 Januari 2015

Saron Penerus



Saron Penerus utawi Saron Peking bentuk lan wujude kaya saron. Wujude lewih cilik lab oktafe paling cilik. Nuthuk saron iki rangkep utawa papat lagu balungan.


Bonang



Bonang kaperang dadi loro yaiku bonang barung lan bonang penerus. Bonang  ana satu set sepuluh nganti pat belas gong-gong cilik sing disusun nganti rong deret.  Didelehake ana ing nduwur tali lan bingkai kayu. Wong kang nabuh ana ing tengah-tengah bonang. Wujud tabuh bunder dawa.
a. Tabuh Bonang
 















b. Bonang

 

Kendhang



Kendang, kendhang, utawa  gendang yaiku kalebu instrumen ana ing gamelan jawa tengah fungsine kanggo ngatur irama. Instrumen iki ditabuh mawi tangan, ora nanggo piranti sing disebut tabuh. Jenise kendhang sing cilik jenenge ketipung, sing rada gedhe jenenge kendhang ciblon kebat lan sing gedhe jenenge kendhang gedhe.