Selasa, 23 Desember 2014

Candi Prambanan

Rara Jonggrang lan Bandung Bandawasa

Kerajaan pengging, sawijining kerajaan kang dumunung ing Jawa Tengah jaman dhisik. Kerajaan iki dipimpin dening sawijining raja kanthi jeneng Prabu Damarmaya. Pengging iku sawijining kerajaan kang lemahe subur, rakyate uga makmur. Raja sing mimpin uga duwe watak wicaksana.
Prabu Damarmaya kagungan putra sing jenenge Raden Bandung Bandawasa. Dicritakna, dhisik nalika cilik Bandung durung tepung lan durung ngerti bapake, Bandung saka lair dirumat dening ibune, Rarasati. Nalika diwasa,Bandung ninggalake ibune saperlu nggoleki bapake. Ing sawijining alas, Bandung tandhing karo Bandawasa banjur menang. Bandawasa njaluk supaya dinengna tetep urip. Dheweke uga janji bakal dadi kekuwatane Bandung. Wiwit oleh kekuwatan saka Bandawasa, jenenge Bandung banjur dadi Bandung Bandawasa.
Bandung nerusake lakune. Ora let suwe saka ketemune karo Bandawasa,Bandung ketemu karo Prabu Damarmaya. Nalika iku Bandung durung ngerti menawa Damarmaya iku bapake. Langsung wae Bandung tandhing maneh karo Damarmaya kayadene tandhing karo Bandawasa. Nalika arep mbanting Damarmaya, dumadakan keprungu swara kang njlentrehake marang Bandungmenawa Prabu Damarmaya kuwi bapake. Damarmaya diculke, banjur Bandungnyembah Damarmaya pratandha bektine. Wiwit kuwi, Bandung urip lan manggon ing kratone Prabu Damarmaya lan urip bareng bapake.
Kahanan kang beda katon ing kerajaan Baka. Kerajaan iki dipimpin dening  raseksa kang kejem, jenenge Prabu Baka. Ing pemerentahane, Prabu Baka dibantu dening Patih Gupala sing uga awujud raseksa. Sing nggumunake, sanajan asale saka bangsa raseksa, Prabu Baka duwe anak sing ayu banget, jenenge Rara Jonggrang.
Prabu Baka duwe kepinginan gedhe, yaiku ngambakake dhaerah kekuwasaane. Cara apa wae bakal dilakoni supaya kepenginane kuwi bisa kawujud, sanajan kanthi cara kang ora becik, yaiku njajah lan perang.
Prabu Baka oleh kabar menawa ana sawijining kerajaan kang subur lan makmur, Kerajaan Pengging. Saka iku, Prabu Baka kepengin supaya tlatah Pengging dadi dhaerah kekuwasaane. Mula, Prabu Baka ngutus patihe supaya nglatih para prajurite perang lan narik pajek saka rakyate kanggo ragad perang.
Sawise persiapane mateng, Prabu Baka karo prajurite nyerbu Pengging. Perang kang ampuh kedaden antarane prajurite Prabu Baka lan prajurite Prabu Damarmaya. Akeh sing mati dadi kurban ing perang kuwi, saka pajurite Prabu Baka, luwih-luwih saka prajurite Prabu Damarmaya. Saka perang kuwi, rakyat Pengging dadi sengsara, kelangan bandha, uga akeh sing mati.
Sawise Prabu Damarmaya ngerti kahanan rakyate kang sengsara kaya ngana, banjur ngutus Bandung Bandawasa tandhing nglawan Prabu Baka. Saka kasektene, Bandung Bandawasa bisa ngalahake lan mateni Prabu Baka. Nalika Patih Gupala krungu yen junjungane wis tiwas dening Bandung, dheweke bali menyang Kerajaan Baka.
Satekane ing kerajaan Baka, Patih Gupala menehi kabar marang Rara Jonggrang menawa bapake, Prabu Baka tiwas dening prajurit kerajaan Pengging. Ora let suwe, Kerajaan Baka sing maune arep njajah Pengging, malah saiki Pengging sing njajah Baka. Kabeh iku jalaran saka tiwase Prabu Baka.
Wiwit tiwase Prabu Baka, Bandung Bandawasa lan balatentara Pengging nyerbu menyang Kerajaan Baka. Jalaran saka kuwate balatentara Pengging iku, para prajurit lan Bandung Bandawasa bisa mlebu menyang njeroning istana Baka. Nalika mlebu ing njero istana mau, Bandung Bandawasa weruh wong wadon  kang rupane ayu banget, kaya-kaya ora ana cacade. Wong wadon mau anake Prabu Baka kang jenenge Rara jonggrang. Bandung Bandawasa kepincut karo rupane Rara Jonggrang mau.
Bandung Bandawasa kepengin ndadekake Rara Jonggrang dadi bojone. Tanpa mikir suwe, langsung wae Bandung Bandawasa nglamar Rara Jonggrang. Kanthi meksa, Bandung ngrayu Rara Jonggrang supaya gelem dilamar. Rara Jonggrang ora gelem bebojoan karo Bandung Bandowoso amarga Bandung Bondowoso wis mateni bapake, Prabu Baka, uga njajah negarane. Rara Jonggrang ora gelem dijajah atine, ora gelem dijak bebojoan karo Bandung Bandawasa. Nanging Bandung tetep meksa. Bandung jengkel lan tetep ngrayu Rara Jonggrang.
Sejatine, Rara Jonggrang ora gelem didadekna bojone Bandung. Kanthi rasa kepeksa, Rara Jonggrang ngomong yen dheweke gelem dijak bebojoan, ananging dheweke ngejokna rong sarat sing dikirane ora bisa dilakoni Bandung Bandawasa. Sarat kasebut yaiku nggawe candhi sing cacahe sewu kanthi wektu sawengi. Bandung Bandawasa ngrasa yen sarat sing diajokna dening Rara Jonggrang kuwi abot, nanging dheweke nyaguhi panjalukan mau awit ngrasa kepengin nduweni Rara Jonggrang. Bandung sing nduweni kasekten sing ngedab-edabi banjur mikir sawetara cara kanggo ngrampungke sarat mau.
Sadurunge miwiti gawe candhi sing cacahe sewu, Bandung Bandawasa semedi kanggo ngundang jin lan makluk alus liyane saka njeroning bumi sing bisa ngrewangi nggawe sewu candhi. Awit saka bantuane para jin, setan, dhemit lan makluk alus liyane, Bandung Bandawasa bisa ngrampungke 999 candhi. Durung nganti sawengi, sarat gawe sewu candhi meh kalakon wiwit Bandung ora dhewekan anggone nggarap gawean kuwi.
Rara Jonggrang krungu menawa Bandung wis ngrampungke 999 candhi. Iku ateges kurang sakcandhi maneh sing kudu digawe supaya genep dadi sewu candhi. Rara Jonggrang banjur bingung. Dheweke mbatin, yen Bandung bisa mujudake panjalukane, gelem ora gelem dheweke kudu gelem dilamar dening Bandung.
Rara Jonggrang mikirake cara kanggo nggagalake pagaweane Bandung, Rara Jonggrang ngira menawa Bandung ora bakal bisa nggawe candhi sing cacahe akeh semono tanpa dibantu dening para jin lan dhemit. Sawijining perkara sing bisa gawe jin lan dhemit mau keweden  yaiku tekane wayah esuk. Saka iku Rara Jonggrang mikirake piye carane bisa gawe kahanan kaya-kaya wis esuk.
Kanggo gawe kahanan kaya-kaya meh esuk, Rara Jonggrang banjur nggugah para rewange. Para rewange kuwi didhawuhi supaya nutu pari lan mbakar damen ing sisih wetan. Saka kuwi, kahanan  sing maune isih peteng sithik-sithik wiwit katon padhang. Pitik jago sing isih turu uga padha kluruk pratandha wayahe esuk wis teka kamangka sejatine isih bengi.
Awit perkara sing dilakokake dening Rara Jonggrang, para jin, setan, dhemit lan makluk alus liyane banjur mingslep menyang jero bumi. Para jin lan dhemit sing ngrewangi Bandung kuwi wedi menawa kenangan panase srengenge, dheweke bakal musnah. Saka kuwi, para jin milih bali menyang alame dhewe ketimbang ngrampungi gawe candhi ananging ketekan wayah esuk lan srengenge sing bakal sumunar.
Bandung Bandawasa bingung sawise ngerti menawa para jin, setan, lan dhemit padha lunga ninggal pagawean sing durung rampung kamangka mung kurang sakcandhi. Bandung mikir, kenangapa gawean sing kurang sithik bakale rampung kok malah ditinggal lunga. Sawise madhep ngetan, Bandung ngerti jalaran apa para jin mau padha lunga, iku saka padhange sisih wetan kaya-kaya srengenge arep metu, kamangka iku mung esuk gaweane para rewange Rara Jonggrang.

Rara Jonggrang banjur nemoni Bandung Bandawasa, ngomong yen Bandung ora bisa ngrampungke sewu candhi sing dadi sarat sadurunge bisa ngajak bebojoan karo Rara Jonggrang. Nalika iku, Bandung ngerti yen babagan iku awit saka polahe Rara Jonggrang. Bandung banjur jengkel banget marang Rara Jonggrang. Sawetara, Bandung banjur nyumpahi lan ngutuk Rara Jonggrang dadi watu kanggo nggenepi candhi sing kurang siji mau. Rara Jonggrang dadi reca.
http://basajawasma.blogspot.com/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar