Senin, 22 Desember 2014

CERITA WAYANG

Abimanyu gugur

Ing sajrone prang Baratayuda, sedane Abimanyu iku mesake banget. Tatune Abimanyu sinebut Arang Kranjang. Dadi Abimanyu tatune searang kranjang utawa kerep banget kaya pinggire kranjang. Ora ana bageyan saka awake Abimanyu sing ora kena tatu.
Prastawa iku kedadeyan amarga nalika Abimanyu ngejak rabi Dewi Utari, Abimanyu ngakune taksih bujangan, padahal Abimanyu wis duwe garwa Siti Sundari, putrine Prabu Kresna. Amarga Dewi Utari ora percaya, Abimanyu kapeksa sesumbar, “Dewi Utari, ingsun isih legan durung duwe kromo, yen ora percaya aku wani mati dikrocok gaman sewu”.
Nalika ing prang Baratayuda, Abimanyu ora entuk maju prang amarga Abimanyu iku putra mahkota negari Amarta. Ing jero papan umpetane, penggalihe Abimanyu ora tentrem banget. Amarga slirane uga pengin maju prang mbelani negarine, pungkase abimanyu metu saka papan umpetane tumuju Tegal Kuru Setra, papan nang endi dulur-dulure prang nglawan Kurawa.
 Kanthi jaran, Abimanyu nrobos pertahanane prejurit kurawa. Prejurit pandhawa sing maune wis kocar-kacir, saiki kari prejurit kurawa sing kocar-kacir amarga tekane Abimanyu. Akeh bala prejurit Kurawa sing mati kaya babadan pacing.
Amarga rencanane Begawan Durna, para prejurit Pandhawa kapisah dadi 3. Arjuna dipancing tumuju pesisir. Werkudara dipunpancing tumuju pegunungan. tinggal Abimanyu  dhewe sing ana ing tegal kuru setra. Prejurit Kurawa nganggo gelar prang “tepung gelang”. Abimanyu dipancing mlebu perangkap sing dirancang Begawan Durna. Abimanyu sing dhewekan kuwi dikepung ewonan prejurit Kurawa sing gawe bunderan gedhe kanthi panah sing siap diculake saka busure.
Bagawan Durna aweh aba-aba siji... loro... telu..., kabeh prejurit ngeculake anak panahe tumuju awake Abimanyu sing ana ing tengah-tengah. Abiamnyu kena panah saka ngendi wae. Sakabehan awake Abimanyu wis ora ana bageyan sing ora kena panah. Getih ndlewer mbanjiri awake abimanyu. Kalingane busur panah sing dianggo prejurit kurawa iku digawe saka kayu sempu, kayu sing nyekseni Abimanyu nalika ngucap sumpah palsune marang dewi utari.
Sumpahe Abimanyu  dadi donga sing disekseni bumi, langit, gunung lan samudra. Dadi ngati-atia nalika ngomong karo wong liya. Abimanyu ora bisa rubuh ewadene kena ewonan anak panah sebab awake dijagani ewonan anak panah sing tumancep ing awake. Prejurit kurawa ngira yen Abimanyu mati ngadheg. Ora keri, putra mahkotane kurawa, Lesmana Mandra Kumara, melu nyerak ndeleng saka cerak Abimanyu sing wis ora awujud menungsa kuwi. Kanthi tembung-tembung sing kebak kacongkakan lan nglarani Lesman Mandra Kumara nantang Abimanyu, “Jere kowe prejurit khusus... hayo saiki endi kekuwatanmu ...? kowe iki mung jago kandhang tok... ora ana apa-apane karo aku. Hayo endi kekuwatanmu lawan aku !”
Abimanyu mung bisa tumungkul isin, nang jero atine ngendika, “patenana aku ben aku bisa mati sampurna minangka prejurit sing mbela kabeneran, kaadilan, minangka prejurit ingkang netepi kasaguhane mati mbela negarane. Eluhe Abimanyu mili tumetes ing antarane panah-panah sing tumanceb ing pasuryane. Dheweke kelingan marang bapak ibune.
“aja nangis kowe, Abimanyu... kowe prejurit cengeng... neng endi kawanianmu...? saiki kowe mesti bakal mati. Aku sumpah yen kowe mati, bojomu sing ayu kae bakal tak pek, bojomu bakal tak boyong nyang kurawa...” ucape Lesmana.
Krungu ucapane lesmana, manahe abimanyu dadi nesu amarga ana ukara bakal ngrebut garwane sing ditresnani, garwa sing gawe dheweke rila ngurbanake apa wae. Kayata ana kekuwatan sing teka, ujug-ujug Abimanyu nyamberake pedang sing isih dicekel sadurunge pas ngenani gulune Lesmana. Lesman langsung tiba kanthi ludira kang kumlecer. Lesmana Mandra Kumara gugur. Ngerti yen putra mahkota dadi kurban, Jayadrata prejurit pengawal ratu langsung nuncebake tumbak marang dhadhane Abumanyu. Pungkase Abimanyuu ugi gugur.
Pawarta sedane Abimanyu langsung sampe kupinge kadang pandhawa.dewi sembadra langsung mlayu menyang laga paprangan goleki layone anake. Nanging nalika ningali anake sing tatune arang kranjang, dheweke semaput. Terus digawa bali dening para prejurit.
Arjuna langsung mlayu melu nyedhaki layone anake sebab panjenengane nembe tekan saka papan sing adoh nguber mungsuhe. “neng ndi anakku, ngger.... kena apa kowe kaya ngene ?...aja mati dhewekan aku bakal males kanggo kowe, aku sumpah sadurunge srengenge surup aku kudu bisa mateni Jayadrata yen ora, mending aku bunuh diri kanthi mati obong.
Pawarta sumpahe arjuna uga tekan kupinge para kurawa, kanggo ngendhani bab-bang sing ora dikarepi, Jayadrata kanggo sawetara wektu diumpetake ing Gedhong Waja utawa kamar ing jero lemah sing wadi. Wong tuwane Jayadrata sing asmane Begawan Sempani saben dinane dzikir njaluk marang Gusti supaya anake ora mati. Munine ngene, “Duh Gusti, duh gusti, duh gusti... anakku Jayadrata urip, urip, urip, urip, urip........” kaya ngono terus.
Rina wis meh surup nanging arjuna durung bisa males kepatene anakke. Kresna kuwatir yen nganti srengenge bener-bener surup Jayadrata durung dipateni, Arjuna kudu netepi janjine kanthi mati obong. Kresna nganggo kasektene nggawe mega mendung kang peteng saengga rina kaya wis meh wengi. Panjenengane njaluk para kadang Pandhawa supaya nyiapake kayu bakar lan para prejurit supaya mbengok saseru-serune, “Arjuna mati obong…!, Arjuna mati obong…! Arjuna mati obong…! Arjuna mati obong…! Arjuna mati obong…!”. Suwara kuwi keprungu nganti papane prejurit Kurawa amarga ngira dinane wis wengi, prejurit Kurawa bebarengan nyedhaki panggonane prejurit Pandhawa pengin weruh saka cedhak Arjuna mati obong.
Jayadrata sing ana neng gedhong waja uga kekrungon arjuna mati obong. Dheweke pengin ngerti apa sing lagi kedadeyan. Terus Jayadrata  mbuka jendhela kanggo ndeleng apa sing kedadeyan saka mburi jendhela. Begawan Sempani ora mandheg-mandheg anggone dzikir marang Gusti supaya nganti srengenge surup anake slamet.
Kresna ngerti yen Jayadrata ora bakal mati yen bapake (Begawan Sempani) dzikir karo tansah ngucap tembung urip, urip, urip... dadi Jayadrata ora bakal mati.
Nanging ora kaentekan akal, Kresna ngowah wujude dadi sawijine laler sing ngriwugi Begawan sempani sing lagi dzikir. Laler iku menclok ing lambene Begawan Sempani, ora suwe mabur maneh menclok ing mripat, trus mabur maneh menclok ing lambe ngisore Begawan Sempani, nalika ditabok nganggo tangan laler iku menclok neng bathuk.
Nalika dzikir Begawan Sempani tansah ngucap, “Anakku Jayadrata urip, urip,urip,...”. ujug-ujug laler mau menclok ing pupune Begawan Sempani, anggone dzikir mandheg sedhela, terus nganggo ancer-ancer Begawan Sempani nabok laler iku nganggo tangane karo ngucap, “mati kowe ! mati kowe ! mati !”. ujug-ujug laler mau malik wujud maneh dadi Kresna nganggo ngucap, “ Begawan Sempani, anakmu Jayadrata mati.”
Ing sejen papan Arjuna lagi ngintip panggonane Jayadrata umpetan ing Gedhong Waja. Jayadrata nyoba mbuka jendhela kanggo ngerteni apa bener Arjuna mati obong. Nalika Jayadrata mbuka jendhela, ora dinyana-nyana panahe Arjuna langsung mabur nanceb ing gulune Jayadrata mbarengi dzikire Begawan Sempani sing ngucap,"mati kowe ! mati kowe ! mati !”. pungkase jayadrata mati lan sumpahe Arjuna uga lunas. Pranyata dinane durung wengi, sawise mega mendhunge ilang srengengene metu cemlorot nyekseni matine sang angkara murka Jayadrata.

Gugure Abimanyu ing sajrone prang Baratayuda bisa digambarake nganggo paribasan jawa “ngunduh wohing pakarti, sing nandur kabecikan ngunduh kabecikan sing nandur ala bakale cilaka”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar