Selasa, 23 Desember 2014

Dewi Lanjar

Dewi Lanjar

            Dewi Lanjar sampun misuwur lan dipunpitados wonten ing masyarakat lan taksih berpengaruh wonten ing jiwa masyarakat Pekalongan.
            Dewi Lanjar menika nggadhahi asma Dewi Rara Kuning. Lanjar menika celukan kangge wong wadon kang sampun pisah kaliyan garwanipun ing unur taksih enom lan dereng nggadhahi lare. Piyambakipun uga lare yatim piatu, boten nggadhahi rama lan ibu taksih piyambakipun umur alit.
            Pangguripipun Dewi Lanjar pancen nelangsa sanget, umur taksih enom sampun dipuntilar garwanipun.  Garwanipun seda sasampunipun tigang dinten piyambakipun lan garwanipun dados penganten. Saben dina gaweanipun mung mikiri garwanipun wae. Nanging pungkasanipun piyambakipun sadar yen uripe makaten terus dados boten sae lan bakal sengsara terus. Dewi Lanjar ndamel keputusan yen kedhah nilaraken desa, piyambakipun badhe ngembara supados saged ngesaeaken panguripipun.
            Ing tengah-tengah lakune ngembara, piyambakipun kepanggih kaliyan Raja Mataram lan Mahapatih Singaranu ingkang taksih tapa ngapung wonten ing kali Opak. Dewi Lanjar ngraos bungah sanged. Ing kahanan menika, piyambakipun nyariosaken sedaya uneg-uneg ingkang wonten ing ati, dheweke uga ngendhika yen boten badhe omah-omah malih. Raja Mataram lan Mahapatih Singaranu ngraos melas lan ing pungkasanipun maringi saran supados tapa brata wonten ing laut kidul sarta ngadhep Ratu Kidul. Dewi Lanjar saestu kaliyan saranipun Raja Mataram menika. Sasampunipun padha nerusaken lampahipun ngembara piyambak-piyambak. Raja Mataram lan Mahapatih Singaranu nerusaken tapa ngapung ing kali Opak lan Dewi Lanjar kesah meyang segara kidul nglewati alas-alas.
            Satekanipun wonten ing segara kidul, piyambakipun nggolek panggenan ingkang sae supados saged tapa brata. Amargi telatenipun ingkang inggil lan pitadosipun marang wejangipun Raja Mataram pungkasanipun Dewi Lanjar saged moksa lan saged kepanggih kaliyan lan sowan marang Ratu Kidul. Piyambakipun nyuwun supados dados dalemipun Ratu Kidul. Ing pungkasanipun Ratu Kidul saestu lan ngidini Dewi Lanjar dipuntampi dados abdi dalemipun.
            Ing sawijining dinten, Ratu Kidul ndhawuhi Dewi Lanjar bebarengan kaliyan jin-jin kesah menyang Pekalongan, supados ngridu lan nyegah Raden Bahureksa. Ratu Kidul uga ngendhika yen dereng saged ngalahaken Raden Bahureksa, piyambakipun boten saged kondur meyang segara kidul. Raden Bahureksa menika taksih mbikak alas gambiripun, sakmenika panggenanipun wonten ing jembatan anim Pekalongan lan desa Sorogenen. Raden Bahureksa perang nglawan Dewi Lanjar lan jin-jin. Nanging amargi kasaktenipun Raden Bahureksa, sedaya upayanipun Dewi Lanjar lan jin-jin menika saged dipunkalahaken. Pungkasanipun Dewi Lanjar malah tunduk lan patuh marang Reden Bahureksa. Raden Bahureksa angsal kesakten kados punika saking tapa kalong. Piyambakipun asring nglakonaken semedhi kangge merkoleh ilham lan nguataken bathin. Semedhi kang benten kaliyan semedhi sanes-sanesipun, ing masyarakat kono ingkang kasebut “tapa kalong” wau, utawi tapa kados kalong kanthi gumantung ing pang wit kanthi lampahan ing nginggil. Alas kang digunakake Raden Bahureksa kangge semedhi wae aranipun Alas Gambiran.
            Dewi Lanjar ajrih kepanggih kaliyan Ratu Kidul, amargi piyambakipun gagal nglampahi ndhawuhipun Ratu Kidul. Nanging pungkasanipun Dewi Lanjar nyuwun marang Raden Bahureksa supados saged paring panggenan wonten ing Pekalongan. Reden Bahureksa ngidini nyenyuwunanipun Dewi Lanjar. Piyambakipun uga nyuwun restu marang Ratu kidul. Amargi asring kepanggih Raden Bahureksa lan Dewi lanjar menika kasunyatan nuwuhaken rasa tresna.
            Raden Bahureksa kondur malih menyang Mataram nanging ing abad kaping 16, amargi rasa kangen marang wong ayu kang dipunarani Dewi Lanjar punika. Raden Bahureksa lunga tanpa idin nilaraken Kerajaan Mataram saperlu kangge nemoni Dewi Lanjar.
            Ing Mataram, Tan Kwi Can, juragan saking Cina taksih sowan marang Sultan Agung saperlu nyuwun idin kangge saged sadean ing tlatah Jawa. Sultan Agung wenehi idin, nanging kanthi syarat saged nggolek lan ngajak Raden Bahureksa ngajak kondur Raden Bahureksa supados gelem dados prajurit Mataram malih. Pungkasanipun Tan Kwi Can saged kepanggih kaliyan Raden Bahureksa lan maringi kabar yen Sultan Agung sabda supados piyambakipun kondur merang Mataram. Amargi pambujukipun Tan Kwi Can boten nuwuhaken kasil, Raden Bahureksa lan Tan Kwi Can tandhing lan adu tarung setunggal lawan setunggal. Merganipun kesakten tiyang kalih punika padha. Ing perang wau dereng ngasilaken sinten ingkang menang lan sinten ingkang kalah. Nanging ing pungkasan Raden Bahureksa lan Tan Kwi Can malah dados kanca. Banjur Raden Bahureksa carios ngenani alesanipun nilaraken Kerajaan Mataram amargi piyambakipun boten saged pisah kaliyan pepujaan atine. Dewi Lanjar menika boten purun diboyong menyang Mataram, pramila Raden Bahureksa kang ngalah kangge manggon ing daerah Pekalongan.
            Tan Kwi Can pungkasanipun kondur meyang Mataram, lan laporan marang Sultan Agung babagan kadadean menika. Pramila Sultan Agung tetep nganggep Raden Bahureksa dados prajurit Mataram kangge njaga keamananipun dhaerah punika.
            Sawijining dinten Raden Bahureksa lan Tan Kwi Can bebarengan padha ngangsu kawuh marang Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk menika sampun dados mitos, utamane kangge tiyang-tiyang sepuh ing jaman biyen. Yem wonten gludhug ageng ingkang swaranipun gumlegar kanthi tiyang-tiyang ujug-ujug mesthi padha ngucap “Anak putunipun Ki Ageng Cempaluk”, ngemu maksud kanthi nyebut tetembungan kados punika , pramila piyambakipun ngrasa aman, lan boten bakal kena bebayan amargi donganipun Ki Ageng Cempaluk wau.
            Reden Bahureksa diparingi ayahan saking Sultan Agung, saperlu kangge nulung nundhung bala tentara Walanda ing Batavia. Para penjajah Walanda menika ditundhung supados boten jajah Bangsa Indonesia. Kanthi bebarengan kaliyan Tan Kwi Can mangkat kanthi ngerahaken armada laut meyang Batavia. Nanging kadadean menika nyebabaken Raden Bahureksa boten nate kondur. Boten wonten tiyang ingkang ngertos kabaripun Raden Bahureksa kanthi cetha. Ana kang nyana, yen piyambakipun seda ing palagan wekdal merangi penjajah Walanda.
            Dewi Lanjar namung saged ngentosi konduripun Raden Bahureksa, sang pepujaan ati kang sanget dipuntresnani wonten ing segara lor kanthi piyambakipun seda. Pungkasanipun Dewi Lanjar owah dados ratu lan dipunarani Ratu Pantai Selatan. Dewi Lanjar uga mbangun istana siluman kang panggenanipun ana ing segara lor. Piyambakipun uga nggadhahi pengawal ingkang ayu sanget yaiku Sri Lorensa lan Sri Lopaka.
            Istananipun Dewi Lanjar panggenanipun wonten ing sisihanipun kali slamaran. Swasananipun ing ndalem  istana sami kaliyan swasana wonten ing alam dunia manungsa. Ing istana menika wonten ingkang taksih mbatik, dados nelayan, lan uga wonten ingkang sadean kaya ing pasar ingkang saged mirsani naming tiyang-tiyang ingkang nggadhahi kasekten tertentu. Kangge mikat manungsa kang males lan kirang imanipun, Dewi Lanjar mbikak bank gaib ingkang aguhanipun nyawa manungsa supados dados tumbal abdi dalemipun.
            Dewi Lanjar kathah dipuntekani kaliyan tiyang-iyang ingkang kepingin nggolek pesugihan duniawi kangge cara ingkang cepet. Tiyang-tiyang menika dipunsediakaken griya sewan ingkang reot kangge panggenan bimbingan syarat lan cara ritualipun. Ritual menika boten angel, namung sedaya syarat sampun terpenuhi, namung kangge maos surat Al-ikhlas kaping 41 kangge mahar, sasampunipun sare malang wonten ing lawang lan ngagem keyakinan yen ing tengah wengi menika bakal dipun tekani Dewi Lanjar kangge maringi silihan dhuwit ghaib saking bank ghaib Dewi Lanjar.
            Sasampunipun perjanjian maut menika dipunsepakati, tiyang ingkang nggolek pesugihan menika bakal oleh pesugihan lan bakal oleh penggandaan dhuwit ingkang dipunarani pasugihan Dewi Lanjar Kembar Sewu. Tiyang menika kedhah nduweni tumbal nyawanipun piyambakipun lan para kaluwarganipun.
            Tiyang ingkang sampun telas jatuh tempo, ing ngajeng griyanipun sacara misterius bakal wonten tandha palang (X) ingkang sesarengan kaliyan swanten lolongan segawon lan manuk gagak ingkang mabur wonten ing nginggil griyanipun. Sampun kathah tiyang ingkang ngonangi kadadean menika, mesthi wonten kreta jaran lan kalih pengawal ingkang ngangge busana ningrat jawa mandheg lan mlebu ing griya ingkang wonten tandha palang. Benjangipun salah sawijining tiyang ing dalem griya punika bakal seda boten wajar. Konon carioaipun jiwanipun tiyang punika bakal didadeaken budhak siluman, ing kono tiyang kados punika dipunpeksa ngabdi, wonten ingkang dados bantalan jembatan, dalan utawi dipunseksa ngantos wekdal ingkang boten saged dipuntentuaken.
            Konon cariosipun, saben dinten kamis wage utawi malem jumat kliwon, Dewi Lanjar owah dados manungsa wadon ingkang ayu sanget. Piyambakipun blanja lan keliling wonten ing Pasar Banjarsari (Pasar Senthiling). Sinten wae dagangan ingkang diuntumbas kaliyan Dewi Lanjar bakal dados rame lan laris lan bakal sugih. Miturat carios, wangi ganda lan hawanipun malih dados adhem menika saged dadi tandha tekanipun Dewi Lanjar.

1 komentar:

  1. T-Tech Titanium 3D Printing System for 3D Printing - iTany
    In this titanium exhaust wrap machine, you babyliss pro titanium hair dryer will choose titanium band rings a suunto 9 baro titanium model 2 model of the Titanium 3D printing engine, the best quality materials to print this model. This cobalt vs titanium drill bits includes

    BalasHapus