PUPUH
V
D U
R M A
01
Dipun sami ambanting ing badanira, nyudha
dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing
tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira
wus udani, mring sariranira, lamun ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi
sabarang, pakaryanira ugi.
03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan
saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh
dirgama, singgahana den eling.
04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe
pribadi, puniki lilira, yokang telung prakara, poma ywa nggunggung sireki,
sarta lan aja, nacat kepati pati.
05
Lawan aja maoni sabarang karya, sithik-sithik
memaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan
wus lumrah, uga padha maoni.
06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa
bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip,
iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
07
Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira
elingeling, aja
sugih waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga,
sapa-sapa kang lali.
08
Ingkang eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den
nedya raharja, mangkono tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok ngrasani.
09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung
pratela, ing
temen becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi
cirinireki.
10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing
pangalemira, pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11
Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa
mangkin iya ing sabarang, yen nora sinenengan, den poyok kapati pati, nora
prasaja, sabarang kang den pikir.
12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri
angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasanan, ala becik den rasani, tan
parah-parah, wirangronge gumanti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar