UCULE
KATRESNANE SURYANI
Srengenge
wis seprapat munggah. Darsun ngongkek gegere. Awake wis biru-kecu merga kesuwen
olehe kungkum. Wis jam setengah
sewelas nanging olehe golek iwak ning kali durung kasil. Nanging dheweke tetep
mbalangake jaring kanthi ngati-ati supayane ora suwek kesangkut cangkring. Angin
mangsa ketiga tumiyup saka kidul wetan, nambah ademe banyu kali srayu. Wiwit
umur 4 taun dheweke wis kerep melu ramane njaring iwak.
“Kang Darsun ngeneh mentas disit.” keprungu
ana suwara undang-undang. Darsun banjur mengo, noleh menyang arahe swara mau.
Ing ngisor papringan sing godhonge ngrembuyung, katon pawongan sing ora asing
maneh.
“Leren
disit kiye Kang, awake wis kademen kaya kuwe koh,” Darsun banjur mentas
nyedaksi Suryani sing saben dinane nggawakake panganan Kanggo Darsun.
“Kiye
Kang ciwel karo klepone wis ngenteni,” Suryani ngetokake klepon, ciwel lan
gedhang kapok saka cangkingan.
“Ngirim
wong siji koh nggawa semene kehe?”
“Wong
miki nang pasar langka jujule, dadi nggo tuku kabeh”
“Mengko angger biyungmu ngerti kepriwe?” saure
Darsun karo tangane njupuk ciwel.
“Lha
aja nganthi ngerti lah Kang”.
Pancen olehe wong loro andhum katresnan ora
diolehi biyunge Suryani merga, kahanane Darsun sing kaya mangkono. Nanging,
merga banget tresnane wong sakloron umpetan olehe andhum katresnan, supayane
biyunge Suryani ora ngerti. Ciwel sapencok lan wedang teh anget saplastik wis
pindah weteng. Darsun banjur nyandhak gedhang kapok saka cangkingan karo
ngomong.
“Wis
bali nganah, biyunge tulih ngenteni, mbok digoleti tekan ngeneh.”
“Deneng
ngurak si Kang, arep bali ya karepku ora bali ya karepku kok.” sumaure Suryani
karo mrengut.
“
Aja kesuh si ngapa Sur, nyong tulih wedi mbok biyungmu ngerti nek dhewek esih
kerep ketemu” sumaure Darsun menehi aselan.
“Ya
wis nyong bali Kang, Rika aja kesuwen gole kungkum.” Suryani nyaut cangkingan
banjur mlaku mulih. Atine Suryani rada gela merga olehe ketemu tembe sedela
nanging Kang Darsun wis prentah dheweke mulih.
Sapungkure
Suryani, Darsun banjur nerusake olehe njaring. Wetenge sing wis isi panganan
lan gulune sing wis ora garing meneh ndhadekake olehe njaraing krasa enteng lan
titis. Nganti ora krasa ngerti-ngerti srengenge wis meh tekan mbunmbunane Darsun.
Darsun banjur mentas arep mulih dhisik.
“Kepriwe
Sun olih akeh iwake” aloke binyunge Darsun karo nampani kasang wadah iwake Darsun.
“Lumayan
yung kena nggo ngijoli beras setempuran, karo ana lewihe nggo lawuh.” Sumaure Darsun
“Ya
Alhamdulillah sun kena nggo mangan
wong loro.”
Darsun
banjur adus lan sholat dluhur, sinambi nunggu biyunge nggoreng iwak olehe Darsun
njaring. Sawise adus la sholat dluhur, ngepasi sega lan iwake mateng Darsun
banjur mangan awan. Mengko yen wis mangan awan Darsun banjur menyang pasar,
saperlu nyaponi regetan bekas wong dodolan.
“Mbok
mengko dhisit Sun, ben segane medun” aloke binyunge Darsun gita-gita.
“Mengko
malah keturon, yung,” sumaure Darsun.
“Nek
arip ya turu dhisit Sun.”
“Nek
turu dhisit, mengko ra sida nyapuni pasar yung.”
Darsun
banjur nyaut sapu, arep nyaponi regetan ana ing pasar.Atine Darsun ayem merga
dheweke bisa ngopeni biyunge. Bar maghrib omahe Suryani ketekan tamu. Tekane
tamu mau ditanggapi gupuh dening rama biyunge Suryani, malah dijak mangan
bareng barang. Kaya-kaya tamu mau arep ngrembug bab sing wigati banget. Tamu
mau ora liya Lik Turikin kancane ramane Suryani, sing sugih banda dunya. Sapa
wae wong sing nduweni anak wadon kepengin yen, anake bisa dipek bojo Sarjono,
putrane Lik Turikin.
“Kiye
sur, Lik Turikin arep ngomong, kiye ngeneh njagong kene.” Prentahe Ramene Suryani.
“Iya
ramane, ana apa jane kayane koh marem temen.” Saure Suryani karo lungguh ing
pinggire ramane.
“Kados
mekaten Kang, kejawi tuwi kasugengane kakang karo mbakayune, angen kula kaliyan anak kula Jono saperlu nembung, menawi
kepareng Suryani badhe kula sandingaken kalih Jono anak kula.”
“Kepriwe?”“Dik
Turikin aja glewean lah?” sumaure ramane Suryani kaget.
Suryani
uga banget kagete krungu panyuwune Lik Turikin. Suryani banjur tumungkul mikir
yen dheweke bakal pisah karo Kang Darsun pawongan Kang wus suwe ditresnani.
“Mengkene,
Kang” Lik Turikin njlenterhake
“Menawi kepareng, Suryani badhe tak jak
omah-omahake kalih anake kula si Sarjono niki.”
“Nek
aku si Dik gelem-gelem bae, ningen si Suryani gelem apa ora?” semaure ramane Suryani
karo mandheng Suryani.
Atine
Suryani krasa ajur, dheweke ora bisa molak panjaluke ramane. Merga yen dheweke
nolak jantunge ramane bakal kambuh lan bisa-bisa mlebu rumah sakit maneh lan
yen apes bakal tumeka ing pati. Nanging, dheweke uga ora bisa urip adoh saka Kang
Darsun, pawongan Kang wus suwe ditresnani lan uga wus suwe andum katresnan
bareng.
“Kepriwe
sur? Jawabanmu wis dientheni kiye” ramane Suryani nyereg.
“Nuwun
sewu Ramane, Lik Turikin. Kula dereng saged maringi wangsulan saniki.”
“Lha kenang apa si Sur, apa kowe wis
duwe calon dhewek” teges Lik Turikin
“Boten
kados mekaten Lik, nanging kula kedah menggalih rumiyin.”
“Yawis,
ngonoh dipenggalih disit ben ora ngajog neng mburi.” Sambung ramane Suryani
“Nggih
ma” wangsulane Suryani cekak aos tanpa wani mandheng ramane.
Lik
Turikin saanake banjur pada mulih. Suryani banjur mlayu mlebu kamar, dheweke
wis ora bisa nahan eluh. Suryani nangis, bingung apa kang kudu dilakoni. Sawengi dheweke ora bisa turu mikir apa kang
kudu dilakoni. Sawise mikir suwe Suryani banjur mutusake yen dheweke sesuk kudu
ketemu Kang Darsun crita apa anane. Esuke kaya padatan saben dinane, sawise Suryani
mulih saka pasar dheweke mampir ing Kali Srayu saperlu ngirim jajan Kanggo Kang
Darsun. Ngepasi dhewek uga kudu crita kedadean mau bengi. Kaya padatan ing kali
Darsun isih kungkum njaring iwak.
Darsun
banjur mentas marani Suryani Kang lagi ngetokake gethuk saka cangkingan.
“Sur kayane koh lagi ora bungah temen?”
takone Darsun
“Kang
aku mau bengi ditembung Sarjono anake Lik Turikin kancane ramane.” Suryani
netesake luh
Kaget
atine Darsun bareng krungu omongane Suryani. Darsun lemes ora bisa ngadek
jejeg, raine banjur pucet kaya wong
mriang. Eluh tumetes ana pipine Darsun.
“Terus kowe gelem sur” takone Darsun
Suryani
mung tumungkul sinambi netesake luh Kang ora bisa ditahan meneh.Wis wiwit mau
bengi dheweke kepengin nangis neng ngerepe Darsun.
“Sur,
jawaben sur.” Dedes Darsun sinambi nyaut tangane Suryani.
Kanthi
tumungkul lan nangis Suryani sumaur “ Kang, jane aku ora gelem nampa panglamare
Kang Sarjono. Nanging, aku ya ora bisa nolak panjaluke ramaku Kang.”
“Apa kowe tega maring aku sur” teges Darsun
“Aku
ya bingung Kang, sing tak jaluk njenengan ngerteni aku Kang.” “emut Kang,
tresna kuwe ora kudu nduweni, tresna kuwe ora ngarep piwalese sing ditresnani.”
“Aku
ngerti sur kahananku kaya kiye, ya wis nek pancen karepmu kaya kuwe aku ora
bisa meksa sur.”
Darsun
banjur tetep nyekel tangane Suryani kanthi kenceng kaya-kaya dheweke ora gelem
nglilakake lungane Suryani. Kanthi alon Darsun ngaras pipine Suryani iku
minangka tanda tresnane Darsun marang Suryani. Antebing tresnane Suryani marang
Darsun, uga sawalike ndadekake wong sakloron netesake luh. Suryani banjur mlaku
alon ninggalake Darsun. Ngulati kahanan kaya mangkana Darsun banjur lungguh
nglemprak kelangan daya lan kekuatan, kaya-kaya wus wancine nyawa owal saka
ragane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar