PUPUH
IX
M I
J I L
01
Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur
ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, luruh sarta
wasis, samubarang tanduk.
02
Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja
katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin,
den samar ing semu.
03
Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas
ingong, aja kurang iya panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing badan
punika, wus pepancenipun.
04
Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon,
lan ana wong narima titahe, wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling
surup.
05
Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing
bodhone, iku wong narima nora becik dene ingkang becik, wong narima iku.
06
Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang
Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah
saliyaneng, ing tyas kang panuju.
07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing
Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima
becik kang mangkono iku.
08
Nanging arang iya wong saiki, kang kaya
mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan
nuli lali, ing wiwitanipun.
09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang
kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih sangkane amukti, panrimaning
ati, kaya anggone nemu.
10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang
Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase
Sariah, kasusu ing angkuh.
11
Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang
Katong, lan iya ing kabehing batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku wong
tan wruh ing, kanikmatanipun.
12
Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang
Manon, iku iyo rerupane, kaya wong ingkang ngupaya ilmi, lan wong nedya ugi
kapintaranipun.
13
Iya pangawruh kang den senengi, kang wus
sengsem batos, miwang ingkang kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis,
nora kanggo lathi, kabeh wus kawengku.
14
Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira
pitados, ing kapinterane ing undhake, utawa unggahe kawruh yekti, durung marem
batin, lamun durung tutug.
15
Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon
barang gawe aja age-age, anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik
tur rahayu.
16
Lan maninge babo dipun eling, ing
pituturingong, sira uga padha ngemplak emplak, iya marang kang jumeneng Aji,
ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
17
Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang
Manon, wajib padha wedi lan batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom
ugi, lamun dadi Ratu.
18
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong,
dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni,
pasti tan rahayu.
19
Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe
angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek, ing batine datan nedya
eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.
20
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan
mengkuh, saking durung batin ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin,
dhasar tan paduli, wuruking wong sepuh.
21
Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang
tanggon, saking durung ana landhesane,
arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.
22
Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon,
aja isin ngatokken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi sinelir,
pinter tanpa wuruk.
23
Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon,
apan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu
pandadi pikukuh.
24
Kacek uga wong kang tanpa ilmu, sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge,
sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
25
Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang
sayektos, kawruh tetel wus kawengku
kabeh, kang sarengat kanggo lair batin,
mulane den sami, brangta maring ilmu.
PUPUH
X
ASMARANDANA
01
Padha netepana ugi, kabeh parentahing syara,
terusna lair batine, salat limang wektu
uga, tan kena tininggala, sapa tinggal
dadi gabug, yen misih remen neng praja.
02
Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat,
anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan kerja tininggala, pan iku parabot
agung, mungguh uripe neng donya.
03
Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika,
apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan, sapa tan ngalakanana, datan wurung
nemu bebendu, mula padha estokeno.
04
Parentahira Hyang Widdhi, kang dhawuh marang
Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja padha sembrana, rasakna den karasa,
Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang tyasira.
05
Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh
uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen
manungsa dagingipun, pinangan pastine kharam.
06
Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja
katungkul uripe, lan aja duwe kareman, banget paes neng dunya, siang dalu dipun
emut, wong urip manggih antaka.
07
Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak
sumalonong, aja ngidak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan
aja para wadulan.
08
Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den
gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggo murwat,
lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den dhodhokana.
09
Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing
tata, ngunggulaken satriyane, lamun karem pinondhokan, anganggowo jajaran, yen
niyat lung anawur, aja ndhodhoken manusa.
10
Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala,
miwah yen angran ing gawe, den abisa minta-minta, karyane prawadyanira, ing
sagawe gawenipun, ing karyanira prayoga.
11
Sarta kawruhana batin, gegantunganing
pratopan, darapon pethel karyane, dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya
ywa, dumeh isih sireku, lamun leda patrapana.
12
Nadyan sanak antaneki, yen leda hya
pinatrapan, murwaten lawan dosane, darapon padha wediya, ing wuri awya padha,
angladeni kayaniraku, aja pegat den warata.
13
Lan meninge suta mami, mungguh anggering
kawula, den suka sukur ing batos, aja pegat ing panedha, maring Kyang kang misesa ing, rahina
wenginipun, mulyaning Nagara kita.
14
Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja,
mufa’ati mring wong akeh, ing rina wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran,
luluse kraton Sang Prabu, miwah arjaning negara.
15
Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu,
kalawan nyadhang ing karsa,
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.
16
Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya
setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus antuk palungguhan, trape kaya wong
dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas datan pangrasa.
17
Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira,
tan weling ing wiwitane, amung weruh ing witira, dadine saking ruba, mulane ing
batinipun, pangetunge lir wong dagang.
18
Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya,
ing rina wengi ciptane, kepriye lamun bisaa, males sihing bandara, lungguhe
lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
19
Pamrihe gelise bathi, nadyan besuk pinocota,
picisku sok wusa mulih, kepriye lamun tataa, polahe salang tunjang, padha kaya
wong bebruwun, tan ngetung duga prayoga.
20
Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan
lila, nrimaa ing pepancene, lan aja amrih sarama, mring sedya nandhang karya,
lan padha amriha iku, harjane kang desa-desa.
21
Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut
karya, sesawah miwah tegale, nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus
nenandur jagung, pari kapas lawan jarak.
22
Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi
pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang
wani kalah rumuhun, kurang pajeg srantekena.
23
Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong
desa, salin bakul pendhak gawe, pamitunge jung sacacah, bektine karo belah,
temahan desane suwung, pyayine jaga pocetan.
24
Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono,
satemah lingsem dadine, den sami angestakena, mring pitutur kang arja, nora
cacad alanipun, wong nglakoni kebecikan.
25
Nonoman ing mengko iki, yen dituturi raharja,
arang ingkang ngrungokake, sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar
pitutur, pangrasane pan wus wignya.
26
Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita,
rungokena saunine, ingkang becik sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten
sajroning kalbu, ywa nganggo budi nonoman.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar