Selasa, 16 Desember 2014

UDAN NANG NJERO PANAS



UDAN NANG NJERO PANAS
Tek kira panas bakal suwe
Jebul udan teka tanpa uluk salam
Nang njerone panas aku teles
Tau kowe njaluk pisah
Tek kira kowe mung glewean
Jebul kowe temenan neng njero guyon
Ora sedela karo kowe, ora glewean rasaku
Kowe ya ngerti nek tresnaku kuwe temenan,
Seneng anggonmu ngucap, kowe anggep kuwe pesthi
Sepetila raimu ora nyesel, ora sedih, ora nlangsa,
Mung aku nganthi separo nyawa, anggone nahan lara
Tapi kowe mung liwat tanpa tembung sepetila
Krasa banget inane awak kie, merga lelakonmu
 Sia-sia anggonku wis korban
Nek ati, nek rasaku, nek tresnaku mbok blenjani
Neng njerone guyu aku nangis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar